Bakteri Kalamangsa: Cithakan:Long fossil range | |
---|---|
Escherichia coli, salah sawijining bakteri berbentuk batang | |
Klasifikasi ngèlmiah | |
Dhomain: | Bacteria Woese et al., 1990 |
Filum | |
Actinobacteria (G+C tinggi) Aquificae
Acidobacteria | |
Sinonim | |
Baktèri, saka tembung Latin bacterium (jamak, bacteria), iku golongan raseksa saka organisme urip. Baktèri iku cilik banget (mikroskopik) lan akèh-akèhé unisèlular (sèl tunggal), kanthi struktur sèl sing rélatif prasaja tanpa nukleus/inti sel, cytoskeleton, lan organel liya kaya mitokondria lan kloroplas. Struktur sèl baktèri dijlentrèhaké luwih pepak sajeroning artikel ngenani prokariota, amarga baktèri minangka prokariota, kanggo mbédakaké saka organisme sing duwé sèl luwih komplèks, diarani eukariota. Jeneng "baktèri" wis ditrapaké kanggo kabèh prokariota utawa kanggo golongan gedhéné, gumantung marang panyaru ngenani gayutané.
Baktèri iku sing paling akèh saka kabèh organisme. Baktèri kasebar ing lemah, banyu, lan minangka simbiosis saka organisme liya. Akèh patogen wujud bakteri. Akèh saka baktèri, padatan ukurané mung 0,5-5 μm, sanajan ana jinis sing ukurané bisa nganti 0,3 mm ing dhiamèteré. Padatan duwé dinding sèl kaya ta kéwan lan jamur, nanging kanthi komposisi béda banget (peptidoglikan). Akèh obah nganggo flagela sing béda ing struktur saka flagela golongan liya.
Minangka golongan bakteri parasit sing nimbulaké lelara ing manungsa, sato kéwan lan tetuwuhan.
Baktèri jalaran lelara ing manungsa:
No. | Jeneng baktèri | Lelara sing ditimbulaké |
---|---|---|
1. | Salmonella typhosa | Tipes |
2. | Shigella dysenteriae | Disentri basiler |
3. | Vibrio comma | Kolèra |
4. | Haemophilus influenza | Influensa |
5. | Diplococcus pneumoniae | Pneumonia (radhang paru-paru) |
6. | Mycobacterium tuberculosis | TBC paru-paru |
7. | Clostridium tetani | Tétanes |
8. | Neiseria meningitis | Meningitis (radhang selaput polo) |
9. | Neiseria gonorrhoeae | Gonorrhaeae (kencing nanah) |
10. | Treponema pallidum | Sifilis utawa Lues utawa raja singa |
11. | Mycobacterium leprae | Lépra (kusta) |
12. | Treponema pertenue | Puru utawa pathèk |
Baktèri jalaran lelara ing kéwan:
No. | Jeneng baktèri | Lelara sing ditimbulaké |
---|---|---|
1. | Brucella abortus | Brucellosis ing sapi |
2. | Streptococcus agalactia | Mastitis ing sapi (radang payudara) |
3. | Bacillus anthracis | Antraks |
4. | Actinomyces bovis | Bengkak rahang ing sapi |
5. | Cytophaga columnaris | Lelara ing iwak |
Baktèri jalaran lelara ing tetuwuhan:
No. | Jeneng baktèri | Lelara sing ditimbulaké |
---|---|---|
1. | Xanthomonas oryzae | Nyerang pucuk wit pari |
2. | Xanthomonas campestris | Nyerang tuwuhan kubis |
3. | Pseudomonas solanacaerum | Lelara alum sajeroning famili térong-térongan |
4. | Erwinia amylovora | Lelara bonyok ing woh-wohan |
{{cite journal}}
: CS1 maint: multiple names: authors list (link)
Wikicuplik duwé cuplikan ngenani: Bacterium |
Wikispecies duwé tetélan sing gegayutan: Baktèri |
Andharan saka Wikibausastra | |
Médhia saka Commons | |
Warta saka Wikinews | |
Cuplikan saka Wikiquote | |
Tèks saka Wikisource | |
Buku tèks saka Wikibooks | |
Matèri sinau saka Wikiversity |