| |||||
Sesanti: Dieu et mon droit (Basa Perancis: Pangéran lan Hakku) | |||||
Basa resmi | ora ana, basa Inggris kanthi de facto | ||||
Kutha krajan | London | ||||
Wewengkon - Total | 130.395 km² | ||||
Padunung ;- Total (2006) ;- Kapadhetan 58.716.581; | |||||
Disawijèkaké | Abad angka 9 déning Egbert saka Wessex | ||||
Zona wektu | UTC+0 | ||||
Lagu kabangsan | God Save the King |
Inggris (Basa Inggris: England) iku praja gedhé dhéwé lan paling padhet sing ndunungi saka praja-praja kang amangun Karajan Manunggal Britania Agung lan Irlan Lor (United Kingdom of Great Britain and Northern Ireland). Nagara-nagara liyané yaiku Sekotlan, Wales lan Irlan Lor. Kerep banget jeneng Inggris dianggo nyebut sakabèhané nagara iki.
Inggris kang wewengkoné nyakup 2/3 pulo Britania, wewatesan karo Sekotlan ing sisih lor lan karo Wales ing sisih kulon.
Béda karo Sekotlan, Wales lan Irlandia Lor, Inggris ora duwé papréntahan lan parlemen lokal (satingkat karo DPRD) dhéwé.
Inggris iku nagara kang awangun karajan. Kepala nagara diwengku déning Ratu lan kepala papréntahan déning Mahamantri.
Inggris nyakup 2/3 pulo Britania Raya lan ndarbèni wates dharat ing sisih lor karo Sekotlan lan kulon karo Wales. Dènè ing sisih kidul Inggris dipisahakè karo Perancis déning Selat Inggris. Panggonan astronomis : 50°LU - 61°LU dan 11°BB - 15°BB
Wikimedia Commons duwé médhia ngenani United Kingdom. |
Artikel iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |