Johnny Depp | |
---|---|
Lair | John Christopher Depp II Juni 9, 1963 Owensboro, Kentucky, U.S. |
Pakaryan | Actor, screenwriter, director, producer, musician |
Taun aktif | 1984–present |
Bojo | Lori Anne Allison (1983–86) |
Pasangan | Sherilyn Fenn (1985–88) Winona Ryder (1989–93) Kate Moss (1994–98) Vanessa Paradis (1998–present) |
Anak | Lily-Rose Melody Depp (born 1999) John Christopher "Jack" Depp III (born 2002) |
Johnny Depp (lair ing Owensboro, Kentucky, Amérikah Sarékat, 9 Juni 1963; umur 60 taun jeneng laire John Christopher Depp II) ya iku aktor saka Amérikah Sarékat kang dadi nominasi ning Academy Award, Dhèwèké kondhang amarga pinter meranake karakter kang béda-béda, Dhèwèké katurunan Indian Cherokee. Miturut Depp, mbah buyuté iku wanita Cherokee. Depp dikenal pinter anggoné meranaké lakon-lakon ning filem kang diperanaké déning dhèwèké. Johnny tau njalin asmara karo aktris Hollywood kang dadi lawan mainé ning filem EDWARD'S SCISSORHAND. Sawisé gayutané pedhot, dhèwèké karo supermodel Inggris Kate Moss, nanging gayutan iki uga ora suwé. Hubungané kang paling akir ya iku karo penyanyi Vanessa Paradis, lan wus dikaruniai anak loro tanpa nikahan. Sawisé omah-omah bebarengan karo Vanessa, dhèwèké nikah karo Lori Anne Allison kang profesiné dadi make up artis. Bebrayanané ora suwé. Sakloron cerai sawisé nikah telung taun.
Johnny Depp mungkin bisa disebat dadi aktor kang paling nengsemi ning donya indhustri filem Hollywood amarga karakter Captain Jack Sparrow kang diparanaké ning filem PIRATES OF CARIBBEAN: THE CURSE OF BLACK PEARL ning taun 2003. Minangka sadurungé nyapai kasuksesan, dhèwèké tau keecanduan narkotik. Johnny uga tau putus sekolah ning umur 15 taun.
Uripé wiwit maju nalika bebrayanan karo Lori A. Depp, lan mutusaké pindah maring Los Angeles. Ning kana dhèwèké ketemu karo aktor Nicolas Cage, kang ngenalaké dunya hiburan. Dhèwèké aktor pisanan kang dinominasikaké Oscar liwat filem Disney.
Ed Wood and Don Juan DeMarco
Honorary Award
Motion Picture, 16 November 1999, di 7020 Hollywood Blvd.
Pirates of the Caribbean: The Curse of the Black Pearl
Pirates of the Caribbean: The Curse of the Black Pearl
Panampilan paling apik