Konggrès Amérika Sarékat

Konggrès sajeroning Sèsi Bebarengan.

Konggrès Amérika Sarékat (Basa Inggris: United States Congress) iku cawang lègislatif saka papréntahan fédheral Amérika Sarékat. Sistem sing dianut ya iku sistem rong kamar utawa bikameral, dumadi saka Dewan Perwakilan Rakyat lan Senat. Dewan Perwakilan dumadi saka 435 anggota, saben anggota makili sawiji dhistrik lan tugas sajeroning rong taun. Jumlah kursiné didum miturut gunggung sing ndunungi saben praja; déné sajeroning Senat, saben praja duwé loro Senator, ora peduli gunggung populasiné. Ana 100 senator, sing njabat sajeroning enem taun. Anggota DPR lan senator, dipilih kanthi langsung déning masarakat, nanging ing sawatara praja gubernur bisa milih pengganti sauntara wektu nalika ana kursi Senat sing kothong. DPR lan Senat sidhang ing Gedung Capitol sing dunungé ing kuthaWashington, D.C.

Gedhung Capitol, papan Konggrès AS nyambut gawé.

Konggrès wektu iki ya iku angka 110 kanthi para pamimpin:

Senat

Pimpinan Mayoritas

Pimpinan Minoritas

Dewan Perwakilan Rakyat

Pimpinan Mayoritas

Pimpinan Minoritas

Pranala njaba