La Défense | |
---|---|
Sovereign state | France |
Région | Île-de-France |
Département | Hauts-de-Seine |
Boroughs | Pratélan
|
Laladan | |
• Gunggung | 14 km2 (5 sq mi) |
Cacah warga (2006) | |
• Gunggung | 20,000 |
Zona wektu | UTC+01:00 |
Situs wèb | parisladefense |
La Défense ya iku siji distrik bisnis gedhé ing kutha Paris (Basa Prancis: "Ville de Paris") lan kang gedhé dhéwé ana ing Éropah, mbatesi Neuilly-sur-Seine, pérangan kulon kutha. Distrik iki yaiki siji distrik bisnis utama ana ing Éropah. Papane ana ing dalan tol kang ngubengi commune Nanterre, Courbevoie lan Puteaux ing département Hauts-de-Seine. Distrik iki manggon ana ing Sumbu Bersejarah Paris paling kulon (sakiwa-tengené 10 km), kang ndhisike ana ing Louvre ing Pusat Kutha Paris lan nglintasi Champs-Élysées lan Arc de Triomphe. Ana ing Grande Arche dhuwure 100m lan esplanade ("le Parvis"), ana ing distrik iki ana yasan paling dhuwur ing area urban Paris: ambané ya iku 77.5 hèktar, 72 yasan saka kaca-lan-wesi kalebu ana ing kono ya iku yasan kang sakndhuwure 150 m, 150 000 pekerja padinan lan 3.5 yuta mèter pasagi perkantoran. La Défense ya iku distrik gedhé dhéwé ing eropah kang diyasa mirunggan kanggo kepantingan bisnis. La Défense dijenengi kanggo reca La Défense de Paris, kang digawé nalika taun 1883 kanggo mèngeti prajurit kang wis mempertahanke Paris ana ing Perang Franco-Prussia. Jeneng area iki kadang-kadang njalari kadadéan kekacauan ing antarané pengunjung, kang sok nganggep La Défense kaya jinis zona militèr.
Nama | Panggango | Tinggi | Tingkat | Commune(kotamadya) | Katrangan | |
mèter | sikil | |||||
Hermitage Plaza | perkantoran | 323 | 93 | Courbevoie | Disarujuki | |
The Link | perkantoran | 241 | 52 | Puteaux | Sajeroning konstruksi | |
Tour First | perkantoran | 225 | 728 | 61 | Courbevoie | Temen maujud |
Tour Hekla | perkantoran | 220 | 721 | 49 | Puteaux | Sajeroning konstruksi |
Tour des Jardins de l'Arche | perkantoran | 206 | 675 | 53 | Nanterre | Sajeroning konstruksi |
Tour Majunga | perkantoran | 195 | 640 | - | Puteaux | Temen maujud |
Tour D2 | perkantoran | 175 | 574 | - | Courbevoie | Temen maujud |
Hôtel Meliá Paris La Défense | perkantoran | 87 | 285 | - | Courbevoie | Temen maujud |