Matèri

Molekul DNA minangka conto matèri kang kasusun saka atom lan molekul.

Matèri iku saben objèk utawa bahan kang mbutuhaké ruwang, kang gunggungé diukur déning siji sipat kang karan massa. Lumrahé matèri bisa uga didhèfinisikaké minangka siji barang kang duwé massa lan manggoni volume.

Matèri kasusun saka molekul-molekul, lan molekul uga kasusun saka atom-atom. Matèri lumrahé bisa ditemoni sajeroning papat fase kang béda, ya iku padhet, cuwèran, gas, lan plasma (wujud dat). Sanajan mangkono, ana uga fase matèri kang liya, kaya déné kondhènsat Bose-Einstein.

Reférènsi

  1. Petrucci, R.H. (1987). Kimia Dasar. Prinsip dan Terapan Modern. diterjemahkan olèh S. Achmadi (édhisi ka-Edisi kaping 4, Jilid 1). Jakarta: Erlangga.
  2. Mongillo, John, (2007), Nanotechnology 101, Greenwood Publishing Group, ISBN 978-0-313-33880-9.
  3. Davies, Paul, (1992), The new physics, Cambridge University Press, ISBN 978-0-521-43831-5.