Pratélan unsur miturut lambang ya iku tampilan unsur-unsur kimia sajeroning wangun tabèl. Unsur-unsur mau diatur miturut struktur elektroné saéngga sipat kimia unsur-unsur mau owah kanthi tumata sadawaning tabèl. Saben unsur didaftaraké miturut nomer atom lan lambang unsuré.
Tabèl périodik standar mènèhi informasi dhasar ngenani sawijining unsur. Ana uga cara liya kanggo nampilaké unsur-unsur kimia kanthi ngamot katrangan luwih utawa saka persepektif kang béda.
Kolom sajeroning tabèl périodik disebut golongan. Ana 18 golongan sajeroning tabèl périodik baku. Unsur-unsur kang sagolongan duwé konfigurasi elektron valensi kang mèmper, saéngga duwé sipat kang mèmper uga.
Ana telung sistem kanggo mènèhi nomer golongan. Sistem pisanan nganggo angka Arab lan loro sistem liyané nganggoangka Romawi. Jeneng kanthi angka Romawi iku jeneng golongan kang asli tradhisional. Jeneng kanthi angka Arab iku sistem tatajeneng anyar kang disaranaké déning International Union of Pure and Applied Chemistry (IUPAC). Sistem tata jeneng mau dikembangaké kanggo ngganti kaloro sistem lawas kang migunakaké angka Romawi awit kaloro sistem mau mbingungaké, migunakaké siji jeneng kanggo sawetara bab kang béda.
Golongan → | 1 | 2 | 3 | 4 | 5 | 6 | 7 | 8 | 9 | 10 | 11 | 12 | 13 | 14 | 15 | 16 | 17 | 18 | ||
Période ↓ | ||||||||||||||||||||
1 | 1 H |
2 He |
||||||||||||||||||
2 | 3 Li |
4 Be |
5 B |
6 C |
7 N |
8 O |
9 F |
10 Ne |
||||||||||||
3 | 11 Na |
12 Mg |
13 Al |
14 Si |
15 P |
16 S |
17 Cl |
18 Ar |
||||||||||||
4 | 19 K |
20 Ca |
21 Sc |
22 Ti |
23 V |
24 Cr |
25 Mn |
26 Fe |
27 Co |
28 Ni |
29 Cu |
30 Zn |
31 Ga |
32 Ge |
33 As |
34 Se |
35 Br |
36 Kr |
||
5 | 37 Rb |
38 Sr |
39 Y |
40 Zr |
41 Nb |
42 Mo |
43 Tc |
44 Ru |
45 Rh |
46 Pd |
47 Ag |
48 Cd |
49 In |
50 Sn |
51 Sb |
52 Te |
53 I |
54 Xe |
||
6 | 55 Cs |
56 Ba |
* |
71 Lu |
72 Hf |
73 Ta |
74 W |
75 Re |
76 Os |
77 Ir |
78 Pt |
79 Au |
80 Hg |
81 Tl |
82 Pb |
83 Bi |
84 Po |
85 At |
86 Rn |
|
7 | 87 Fr |
88 Ra |
** |
103 Lr |
104 Rf |
105 Db |
106 Sg |
107 Bh |
108 Hs |
109 Mt |
110 Ds |
111 Rg |
112 Cn |
113 Nh |
114 Fl |
115 Mc |
116 Lv |
117 Ts |
118 Og |
|
* Lantanida | 57 La |
58 Ce |
59 Pr |
60 Nd |
61 Pm |
62 Sm |
63 Eu |
64 Gd |
65 Tb |
66 Dy |
67 Ho |
68 Er |
69 Tm |
70 Yb |
||||||
** Aktinida | 89 Ac |
90 Th |
91 Pa |
92 U |
93 Np |
94 Pu |
95 Am |
96 Cm |
97 Bk |
98 Cf |
99 Es |
100 Fm |
101 Md |
102 No |
Logam alkali | Alkali tanah | Lantanida | Aktinida | Logam transisi |
Logam | Metaloid | Nonlogam | Halogen | Gas mulia |
Aturan mènèhi warna nomer atom sajeroning tabel périodik ing dhuwur:
Lan tabèl périodik Archived 2004-06-21 at the Wayback Machine. kanggo résonansi magnetis.
Cacahing kulit elektron kang diduwèni sawijining atom nentokaké période atom mau. Saben kulit duwé sawetara subkulit, kang kaisi miturut urutan ing ngisor, sairing karo tambahing nomer atom:
1s 2s 2p 3s 3p 4s 3d 4p 5s 4d 5p 6s 4f 5d 6p 7s 5f 6d 7p 8s 5g 6f 7d 8p
...