Rosméri (basa Inggris: Rosemary) minangka tuwuhan perdhu taunan kang kalebu kulawarga Lamiaceae. Tetukulan kang duwé jeneng èlmiyah Rosmarinus officinalis L. iki kawentar ing donya kulon minangka bumbu kanggo panyedhep olah-olahan. Liyané digawé bumbu, rosméri uga duwé mupangat liya tumrap kasarasan.
Wedharan
Tuwuhan rosméri asli saka Méditerania. Tethukulan iki wernané ijo, tegak lan dhuwuré bisa nganti 2 meter. Galihé werna klawu kaijonan. Godhongé werna ijo. Kembangé ana 5-10 kanthi amba 0,5-1-2 mm. Wité mbutuhaké cahya srengèngè suwéné 6-8 jam saben dina. Godhongé duwé rasa pedhes, rada pait sithik. Bisa dipigunakake nalika seger lan digaringaké kanggo mbumboni panganan kaya ta olahan daging, unggas, panganan laut, sop, nganti ombénan lan liyané. Rosméri jejuluk 'embun laut', godhongé awujud landhep kaya dom. Tethukulan iki duwé kembang werna biru pucet, kang mekar ing pungkasan mangsa adhem lan wiwitan mangsa semi.
Piguna
Tethukulan iki kanggo ancas pangobatan, hiasan, bumbu kulinèr, lan lenga èsensial. Amarga ganda wanginé uga bisa dadi campuran tèh, parfum, sampo, kondisiner lan sabun.
Sakliyané iku uga ana mupangat saka tuwuhan iki kaya ta:
Èkstrak rosméri dipugunakaké mawa antioksidhan alami
Ningkataké daya eling lan konsentrasi. Ambu saka rosméri ningkataké konsentrasi, kinerja, kacepetan, lan akurasi pawongan, uga ndayani swasana ati.
Mudhunaké kadhar gula ing getih. Rosméri duwé kadhar asem karnosik lan asem rosmarinik kang duwé èfèk mèmper hormon insulin. Masiya mengkono panandhang dhiabètes kudu konsultasi dhisik marang dhokter mawa migunakaké suplemen herbal iki bebarengan karo panggunanan obat tertamtu.
Nyegah rambut brodhol. Lenga èsènsial rosméri mbiyantu nukulaké rambut anyar sak èngga bisa ngatasi sirah kang bothak. Rosméri uga bisa ngehambat prodhuksi DHT ya kuwi zat alami kang diasilake kanggo ngrangsang rambut brodhol.
Njaga kasarasan mripat. Senyawa asem karsonik ing godhong rosméri bisa njaga kasarasan syaraf mata lan retina, nyegah njedhuling age-related macular degeneration (AMD).
Ningkataké sistem kekebalan awak kanthi nangkal radhikal bebas kang nggawé lara. Pramila sirkulasi ing getih lancar lan ora gampang lara.
Mbiyantu pamudhunan bobot awak. Komponén fitokimia saka tèh rosméri ngalangi aktivitas lipasé minangka enzim kang mecah lemak kanggo ngasilaké lipid. Amarga lipase ora aktif, ora ana kerusakan lemak lan ngrasa luwih wareg lan ora bakal mangan akèh.
Rosméri ngandhut maneka nutrisi kaya ta serat, protein, mineral kaya ta zat wesi, kalium, magnesium lan zinc, uga vitamin kaya ta vitamin A, vitamin B lan vitamin C. Ana uga antioksidan lan senyawa anti inflamasi. Rosméri duwe antioksidan akèh lan senyawa phenolic kaya diterpene, carnosol, asem carnosic, lan asem rosmarinic. Duwé lenga atsiri kaya ta cineol, camphene, borneol, bornyl acetate, terpineol, lan pinene.
Vitamin lan mineral kang kaadhut ing 100 gram rosméri:
Vitamin A
Vitamin C
Vitamin B6
Thiamin
Folat
Magnesium
Kalsium
Zat besi
Èfèk samping
Menawa ngonsumsi rosméri kanthi gunggung akèh bisa nyebabaké èfèk serius kaya ta: