Alessandro Volta

Alessandro Volta

Alessandro Volta ya iku ahli fisika kang misuwur ing Italia. Dhèwèké lair tanggal 18 Fèbruari 1745 ing Como, Lombardio, Italia. Dhèwèké duwé dulur cacah sanga kang sekabehane lumebu biara, kejaba Volta. Nalika isih cilik, Volta dianggep anak kang bodho lan duwé kekurangan. Dhèwèké bisa ngomong nalika umur patang taun. Ora ana kang nyangka yèn Volta duwé kaluwihan nalika nganjik diwasa. Volta malah duwé kekerepan yèn dhèwèké bakal dadi ahli fisika nalika umuré 14 taun. Amarga mempenge anggoné sianu, pungkasane Volta kasil dadi salah sawijining Iluwan kang disegani déning akèh wong. Ing taun 1786, Luigini Galvani, kancane Volta lan sawijining ahli fisika, nindakaké eksperimen marang sikil kodhok kang ditali nganggo tali tembaga. Nalika sikile kodhog nyenggol wesi, kanthi otomatis sikile mau obah. Anane kedadeyan mau, mula Galvani duwé panyaruwe manawa daging kodhok ngandhut listrik. Kesimpulan mau ora langgsung ditampa déning Volta. Dhèwèké banjur ngupaya kanggo mbuktekake kebenaran mau. Asile, nalika taun 1794 utawa wolung taun sawisé kedadeyan mau, Volta éntuk kesimpulan saka percobaane. Volta kandha yèn anané listrik mau dudu saka daging kodhok nanging saka tembaga mau. Anane kedadeyan iki, nyebabake anané padon antarané wong kang ngnut Volta karo wong kang padha nganut Galvani nganti enem taun suwéné. Banjur ing taun 1800, Volta kasil anggoné nemu batre. Penemuan iki banjur bisa ngalahake teorine Galvani lan bisa bubarake padone mau. Alessandro Volta tinggal dunya nalika umuré 82 taun tanggal 5 Maret 1827 ing Como.

Cathetan suku

  1. a b c d e f g h i j
  2. a b c d e f g