Chilopoda

Lithobius forficatus
Lithobius forficatus
Klasifikasi ngèlmiah
Karajan: Animalia
Filum: Arthropoda
Subfilum: Myriapoda
Klas: Chilopoda
Orders and Families

See text

Chilopoda inggih punika salah satunggaling ordho saking kelas Myriapoda ingkang kalebet filum Arthropoda. Tuladhanipun Chilopoda inggih punika klabang (Lithobius forficatus). Ordo Chilopoda punika padatanipun gesang ing panggènan ingkang anyep, ing sangandhaping tumpukan sampah utawa ing godhong-godhong ingkang sampun bosok.

Ciri-ciri

Badanipun radi gèpèng, kawangun saking mustaka inggil kaliyan badan ingkang wangunipun ros-ros (15-173 ros). Saben ros punika gadhah satunggal pasang suku, kejawi ros ing wingking mustakanipin kaliyan kalih ros ingkang pungkasan. Ing ros wingking mustaka wonten satunggal pasang antena dawa ingkang kawangun saking 12 ros, kalih golongan mripat tunggal, kaliyan tutuk. Kéwan punika mangsanipun kéwan-kéwan alit wujud gegremet, cacing, moluska, kaliyan kéwan-kéwan alit sanèsipun, saéngga Chilopoda kalebet kéwan karnivora. Piranti pencernaan Chilopoda sampun sampurna inggih punika saking tutukipun ngantos dhubur. Piranti èkskrèsinipun awujud kalih saluran malphigi, ambeganipun nganggé trakea ingkang nyabang mawi luwangan kabikak ing saben ros badanipun.

Réprodhuksi

Reprodhuksi Chilopoda inggih punika mawi cara kawin lan pembuahan internal. Piranti kelamin lanang lan piranti kelaminipun bentina kapisah, Chilopoda berkembangbiak mawi cara ngendhog (ovipar).

Ugi pirsani

Cathetan suku

  1. a b c Karmana, Oman.2007.Cerdas Belajar Biologi.Bandung: Grafindo
  2. a b c d e f Kelas Chilopoda(diundhuh 24 Oktober 2012)
  3. Animalia-Myriapoda(dipunundhuh 22 Fèbruari 2013)