Chris Brown

Chris Brown
Pratélan latar wuri
Jeneng lairChristopher Maurice Brown
SakaTappahannock, Virginia, Amèrika Sarékat
GénreR&B, pop, dance
PakaryanPenyanyi-panulis lagu, rapper, penari, aktor
Mangsa akarya2005–saiki
LabèlJive, Zomba, LBW
Sana jaringanChrisBrownWorld.com

Chris Brown kang duwé jeneng dawa Christopher Maurice Brown iku, lair ing Tappahannock, Virginia, Amèrika Sarèkat tanggal 5 Mèi 1989. Dhèwèkè kalebu penyanyi saka ras kulit ireng. Chris Brown ya iku salah siji penyanyi lanang kang nyanyikaké jinis musik RnB. Kawit cilik Chris wis wiwit ngatonaké yèn dhèwèké duwé bakat nari. Nalika umur 11 taun, Chris nembé sadhar yèn dhéwèkè uga duwé bakat nyanyi. Taun 2004, Chris nggawé kontrak karo Jive Records lan ngrekam album kapisanané kanthi irah-irahan Chris Brown kang metu ing taun 2005. Album kapisanan iki bisa payu didol nganti 155.000 copy suwèné mung seminggu thok. Kasuksésan iki dibuktékaké ing album kang kaping pindho kanthi irah-irahan Exclusive ing taun 2006. Album iki bisa payu nganti 300.000 copy mung ing minggu kang pisanan saka wetuné album iku.

Chris tau digosipaké pacaran karo penyanyi Rihanna. Nanging ing tanggal 8 Fèbruari 2009, Chris Brown dicekel pulisi amarga gelut karo Rihanna.

Pranala njaba

Cathetan sikil

  1. Moody, Nekesa Mumbi (2007-11-06). "Music Review: Chris Brown CD". Yahoo!. Dibukak ing 2009-01-17.
  2. a b c d e f g h i j k KapanLagi.com
  3. a b MetroTVNews.com