Demeter

Pasuryané Demeter

Demeter (Grikenlan: Δημήτηρ, Dēmētēr, Ana ing mitologi Yunani, dimungkinaké duwé teges "ibu bumi" kang minangka dèwi tetanèn lan kasuburan. Demeter iku kang ngendhalèkaké panèn, kasuburan lemah, mangsa (dilambangaké nganggo Horai), lan gandum. Demeter iku putri saka Kronos lan Rhea. Sawisé lair, Demeter lan sadulur-seduluré dipangan karo Kronos, kang wedi yèn siji dina tahtané digulingaké déning anaké. Demeter dislametaké déning Zeus lan kadhangkala karan uga dadi salah siji saka déwa Olimpus kang nganthèni Hades amarga Hades luwih kerep ana ing donya ngisor. Demeter ya iku dèwi kang ngajaraké manungsa nenandur kang ndadèkaké manungsa banjur lunga saka cara ajag lan ngracik. Rambut Demeter nglambangake bulir-bulir gandum kang dadi simbole. Demeter uga digambarake nganggo polos, makutha kang wujudé bunder. Demeter duwé anak kang jenenge Persefone kang dadi jathukramane Hades. Konon, kisah Persefone iki minangka asal mula anané papat mangsa. Nalika Persefone urip bareng karo Hades, Demeter nelangsa lan bumi banjur ngalami mangsa atis. Ewadéné nalika Persefone urip bareng Demeter, Demeter ngrasa bungah lan nalika iku banjur ana mangsa semi. Demeter lan Persefoen minangka figur utama ana ing golongan pamujan rahasia, Misteri Eleusis. Ana ing kabudayan Romawi, Demeter dikenal karo jeneng Ceres". Dimungkinaké jeneng Ceres iki dadi inspirasi kanggo siji mèrk bahan panganan lapis coklat kang kerep dipigunakaké kanggo nglapisi roti. Bahan panganan mau digawé saka coklat kang dhapuré kaya wulir pari.

Cathetan suku

  1. a b c d www.etymonline.com
  2. Basa Doria , Basa Proto-Yunani *dē, "bumi" + mētēr, "ibu". Unsur tidak bisa begitu mudahnya dipadankan dengan "bumi" menurut John Chadwick (Chadwick, The Mycenaean World 1976, hal 87): "Setiap orang Yunani mengetahui fungsi keibuan Demeter; jika namanya memiliki sedikit kemiripan dengan kata Yunani untuk 'ibu', tidak diragukan lagi itu akan gagal menguatkan kemiripan tersebut."
  3. a b c d e f g h i "www.beritaunik.net". Diarsip saka sing asli ing 2011-09-14. Dibukak ing 2011-08-12.
  4. a b c d e f "Cronus". Greek Mythology: Gods, Titans and More... Diarsip saka sing asli ing 2011-09-26. Dibukak ing 18 Juni 2010. Kronos menelan mereka karena dia merasa takut mereka akan merebut kekuasaannya. Dia menelan Hades, Hera, Demeter, Poseidon dan Hestia.

Cithakan:Déwa Dewi Yunani