Elia | |
---|---|
Nabi, Pelihat | |
Miyos | Tisbe, Gilead |
Dipun urmati ing | agama-agama: Yahudi Islam Kristen |
Dinten pèngetan | 20 Juli |
Atribut | Nabi |
Elia (Ivri: אליהו
Eliyahu, artiné "Yahweh iku Allah";
Arab: إلياس Ilyās; Inggris: Elijah utawa Elias) iku sawijining nabi ing Karajan Israèl Lor nalika jaman papréntahan raja Ahab, Ahazia lan Yoram watara abad angka 9 SM, miturut Kitab Raja-raja sajeroning Alkitab Ibrani utawa Prajanjian Lawas Alkitab Kristen. Elia uga dicathet sajeroning Prajanjian Anyar lan Al Quran. Dhèwèké dihurmati sajeroning agama Yahudi, Kristen lan Islam. Dhèwèké asalé saka Tisbe, Gilead.
Sawijining wong sing nganggo sandhangan wulu, lan sabuk kulit kaiket ing bangkèkané.
Elia dadi tokoh pahlawan sajeroning carita rakyat ing Republik Makedonia, Serbia, Bulgaria, lan Rumania, ditepungi minangka "Elia pangawa bledhèg" lan dicaritakaké duwé kuwasa tumrap angin lesus wektu mangsa panas, rendheng, udan ès, gludhug lan embun.
Wikimedia Commons duwé médhia ngenani Elia. |