Exocet | |
---|---|
Exocet AM39 peluncur udara | |
Tipe | Medium-range anti-ship missile |
Papan asal | France |
Sajarah panggunaan | |
Dianggo | 1979 |
Production history | |
Pabrik | Aérospatiale's division MBDA |
Specifications | |
Bobot | 670 kilograms (1,480 lb) |
Dawa | 4.7 metres (15 ft 5 in) |
Diameter | 34.8 centimetres (1 ft 1.7 in) |
Warhead | 165 kilograms (364 lb) |
Engine | solid propellant engine |
Wingspan | 1.1 metres (3 ft 7 in) |
Operational range |
70–180 kilometres (43–112 mi; 38–97 nmi) |
Flight altitude | Sea-skimming |
Kcepetan | 315 metres per second (1,030 ft/s) |
Guidance system |
Inertial and active radar |
Launch platform |
multi-platform:
|
Exocet ya iku peluru kendali anti-kapal gawéan Prancis kang ditokaké sajeroning pira-pira versi kang bisa dilancaraké saka kapal, kapal selem, lan montor mabur. Exocet wis digunakaké kanthi amba sajeroning peperangan awit taun 1980-an lan seterusé. Jenengé asalé saka basa Prancis berarti iwak terbang.
Peluru berpandu Exocet dibina déning sarékat MBDA Éropa divisi Aérospatiale (kang uga wujud cabang Prancis kanggo prajurit Anglo-Prancis kang mbina Concorde.) Misil iki uga wujud salah siji saka misil Permukaan ke Permukaan / Udara ke Permukaan. Pangyasa awalé ing 1967, minangka misil ing kapal kang jenengi MM 38. Exocet muncul ing taun 1974 lan wiwit digunakaké wadya lautan Prancis ing taun 1979.
Exocet digawé sajeroning pira-pira versi kalebu:
Kompetitor Exocet ya iku, gawéan Amérikah Sarékat Harpoon, Cina Yingjidan Swèdhen RBS15.
Versi anyar saka Exocet ya iku Versi MM40 blok 3 kang dibuktékaké kanti jangkauan terbang sakiwa-tengené 180 kilomèter, migunakaké mesin jet turbofan kalebu papat air intake kang menjamin ilèn angin kanthi kontinyu nalika manuver high-G.
Misil Blok 3 migunakaké sistem guidance waypoint, kang nuntun missilé kanggo nyerang target saka sudut kang béda nyerang target darat, lan mènèhi gambaran kaya cruise missile.
ing taun 1982, nalika Perang Falkland, misil Exocet dadi kaloka ing donya sawisé digawa déning pesawat Super Étendard duwéné AL Argentina iki kasil nggawé kapal perusak duwéne AL Inggris, HMS Sheffield kesilem ing tanggal 4 Mèi. Nanging Sheffield ora kesilem amarga ledakan Exocet, nanging sebanjuré misil iki kanggo nyilemaké kapal Atlantic Conveyor, kapal kontainer duwéné Inggris kanti gedhéné tonase 14.950 ton ing tanggal 25 Mèi. Pihak Argentina dhéwé ngeklaim bahwa misil Exocet kang digawa déning Super Étendard kasil nggawé kapal induk HMS Invicible rusak parah ing tanggal 30 Mèi. ing tanggal 12 Juni, misil Exocet kasil ngenoni kapal perusak, HMS Glamorgan. Glamorgan kasil slamet saka kerusakan fatal utawa kesilem sawisé Exocet kang mengenani kapal ini ora mbledog.
Sajeroning Perang Iran-Irak kang wiwit ing taun 1980 nganti 1988 iki, Irak seorané wis ngluncuraké kurang luwih 200 misil Exocet marang kapal-kapal duwéné Iran. Sanajan mangkono tercatat persentase kang cukup gedhé ngenani, kegagalan Exocet mbledog nalika mengenai sasaran. ing tanggal 17 Mèi 1987, juru anggegana Irak kang ngeburaké Mirage F-1 nembakaké 2 misil Exocet marang arah kapal perang duwéné AL Amérikah Sarékat, USS Stark kang lagi ana ing Timur Tengah awit taun 1984. Kaloro misil iku kasil mengenoni kapal, nanging mung siji kang kasil mbledog. 37 awak kapal mati lan 21 tatu parah. Stark dhéwé rusak parah. Kadadéan iki kontroversial banget lan nganti saiki durung ana penjelasan saka pikhak Irak babagan penyerangan kapal USS Stark.
{{cite web}}
: Check date values in: |date=
(pitulung)(Kaunduh 24/11/12)
Wikimedia Commons duwé médhia ngenani Exocet. |