Ira Wibowo | |
---|---|
Lair | Ira Wibowo |
Taun aktif | 1988-sekarang |
Bojo | Katon Bagaskara |
Anak | Andhika Radya Bagaskara Mario Arya Bagaskara Chika Putri Bagaskara |
Wong tuwa | Wibowo Wirjodiprojo dan Sibylle Ollmann |
R.A. Ira Wibowo Wirjodiprodjo kondhang kanthi jeneng Ira Wibowo (lair ing Berlin, Jerman, 20 Dhésèmber 1967; umur 56 taun). Ira Wibowo iku wong wadon kang duwé profesi dadi aktris lan presentér ing Indonésia. Ira tau dadi presenter ing salah sijiné stasiun tivi swasta ya iku RCTI ing acara Sinema-Sinema bareng karo Mayong Suryolaksono. Acara iki nayangaké ngenani filem-filem kang disiyaraké ing biyoskup-biyoskup ing Indonésia.
Ira Wibowo nduwé bojo kang jenengé Katon Bagaskara. Ira Wibowo lan Katon Bagaskara nikah tanggal 28 Oktober 1996. Saka pernikahané karo Katon Bagaskara, Ira nduwé anak kang cacahé loro jenengé ya iku Radya Bagaskara lan Mario Arya Bagaskara. Kajaba iku Ira nduwé anak wadon manèh, nanging anak iki asil pernikahané Katon karo wong wadon sadurungé Ira, anak iki jenengé ya iku Chika Putri Bagaskara. Ira Wibowo iku mbake Ari Wibowo lan bulike Richard Kevin.
Ira wibowo iku artis kang nduwé katurunan Jerman saka ibuné lan Jawa saka bapaké. Ira mbalik ing Indonésia nalika taun 1982 sawisé pirang-pirang taun ing luar nagari. Ira makarya dadi Humas nalika taun (1991 nganti 1993). Nanging Ira wiwit main filem wiwit taun 1984. Film kang sepisanan dibintangi judhulé Pencuri Cinta. Sawisé iku, Ira Wibowo mèlu Harry "Bo'im" de Fretes ngisi swara ing komedi TV ya iku ing acara Lenong Rumpi.
Ira Wibowo éntuk penghargaan nalika main ing sinétron Mutiara Cinta (1995). Penghargaan saka Festifal Film Bandung taun 1988 nalika main ing filem Kasmaran (1987). Jeneng Ira Wibowo dadi nominasi FFI lumantar filem Kasmaran (1988) lan Malioboro (1989). Ira uga tau dadi nominator ing FSI 1994 kategori Peran Pembantu Wanita Terbaik lumantar filem Aku Mau Hidup.
Ira uga aktif ing kagiyatan sosial. Salah sijiné ya iku Ira bareng karo Yayasan Kanker Indonésia kang wis dinobatake dadi Duta Kampanye `Bantu Cegah Kanker serviks`, Ira nggethok tularake informasi babagan bebayaning kanker serviks lan upaya pencegahane.
Artikel biografi iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |