James K. Polk

James Knox Polk
Présidhèn Amérika Sarékat ka-11
Linggih
4 Maret 1845 – 4 Maret 1849
Wakil PrésidhènGeorge Mifflin Dallas
Kang sadurungéJohn Tyler
Kang sawiséZachary Taylor
Rerincèn dhiri
Lair2 November 1795
Mecklenburg County, North Carolina
PatiJuni 15, 1849(1849-06-15) (umur 53)
Nashville, Tennessee
BangsaAmérika
Parté pulitikDhémokrat
SisihanSarah Childress Polk
PanggaotaPetani
Pengacara
AgamaMethodist
Tandha tangan

James Knox Polk (lair ing Mecklenburg County, North Carolina, 2 Novèmber 1795 – pati ing Nashville, Tennessee, 15 Juni 1849 ing umur 53 taun) ya iku Présidhèn Amérika Sarékat kaping 11 (4 Maret 1845-4 Maret 1849). James manggon ana ing wewengkon Tennessee. Nalika Parté Dhémokrat ngrekrut awake, Polk njabat Ketua DPR Amérika Sarékat (1835–1839) lan Gubernur Tennessee (1839–1841) nganti tekan njabat dadi présidhèn. Polk wakil saka parte Dhémokrat lan nalika njabat dadi présidhèn Polk didampingi déning wakil présidhèn George M. Dallas. Polk kondhang karo usahane kanggo nyaplok Texas ing taun 1845 kang nyebabake perang mungsuh Meksiko ana ing taun 18461848. Nalika umuré 17 taun sawijining dhokter bisa mbedhah Polk kanggo njupuk batu empedu kang ana ing awake. Sawisé pembedahan, Polk séhat manèh. Sawisé awake séhat, tenaga lan ambisine uga dadi gedhé. Nalika umur 23 taun Polk ngranpungke pendidikane ing Universitas North Carolina ing Chapel Hill kanthi cum-laude, rong taun sawisé iku Polk banjur olèh ijin kanggo mbuka praktik ukum. Minangka pengacara enom, James Polk banjur lumebu ana ing babagan pulitik, lan dadi anggota parlemen praja Tennessee. Polk banjur tepung karo Andrew Jackson, présidhèn Amérika kang kaping pitu.

Cathetan suku

  1. Suhindriyo.1999.Biografi Singkat Présidhèn-Présidhèn Amérika Sarékat.Yogyakarta:Yayasan Pustaka Nusatama, hal.39.
  2. a b www.whitehouse.gov
  3. a b c d millercenter.org
  4. a b c d www.answers.com