Jang Dong-gun (lair tanggal Maret 7, 1972) ya iku aktor saka Koréa Kidul. Sawisé urip ing Yongsan-gu, Seoul, dhèwèké banjur lunga menyang Koréa National University of Arts, nanging pedhot sadurungé éntuk gelar. Aktor kang misuwur nggawe kajutan ing nagarané nalika wulanNovember2009 yèn dhèwèké ngumumake gayutan asmarane ing publik karo Ko So-young. Wiwit barengan mbintangi filem ing taun1999 Love Wind lan Love Song, rumor babagan Jang lan Ko nyebar, nanging kekarone mbantah rumor iku. Ana pangumunan kang memicu spekulasi nikahane kang ora nganti wulam Mèi2010 yèn Jang ngumumake marang para panggemare yèn dhèwèké bahakaln nikah karo Ko ing wulan Mèi. Wektu kang dienteni teka. Ing tanggal 2 Mèi2010, Jang lan Ko nikah. Pista nikahane dianakake ing Shilla Hotèl kang ana ing kuthaSeoul. Nikahane kalebu nikahan kang gedhé amarga ngundang kanca-kanca artis, reporter, lan para fans-e. Saka nikahane iku, duwé anak kang lair ing tanggal 4 Oktober2010.