Justinianus I

Justinianus I
Kaisar Romawi Timur (Bizantium)
Potret Justinianus ing Basilika San Vitale, Ravenna
Kaisar Bizantium
Panjenengan1 Agustus 527 – 14 November 565
(&&&&&&&&&&&&&040.&&&&&040 taun, &&&&&&&&&&&&&097.&&&&&097 dina)
LeluhurJustinus I
PanerusJustinus II
GariniTheodora
Jeneng dawa
Flavius Petrus Sabbatius Justinianus
WangsaJustinianus
BapaSabbatius
IbuVigilantia

Justinianus I (Latin: Flavius Petrus Sabbatius Justinianus; Grikenlan: Φλάβιος Πέτρος Σαββάτιος Ἰουστινιανός; 483 – 13 utawi 14 November 565), limrahipun dipunmangertosi kanthi asma Justinianus yang Agung, inggih punika Kaisar Romawi Wétan (Bizantium) ingkang nguwasani Bizantium saking taun 527 ngantos 565. Justianus I taksih keponakaanipun Justinus I, tiyang tani saking Thracian ingkang buta huruf, nanging saged minggah drajatipun amargi karier militèr ingkang saé saéngga saged dados panguwasa kamaharajan Romawi Wétan. Taun 527, Justin I ingkang boten patutan lajeng ngangkat Justianus minangka pembantu kaisar. Wonten ing pungasanipun taun 527, Justin I tilar donya lan Justianus I dipunangkat dados kaisar.

Wonten ing wekdal kekuwasaanipun, Justianus I tansah hambudidaya amrih kajayaanipun kamaharajan lan saged nelukaken malih sisih kilèn Kamaharajan Romawi. Panjenenganipun dados salah satunggalipun “tokoh wigati” wonten ing abad kuna. Nalika panjenenganipun wiwit dados panguwasa ing Bizantium, dipunwiwiti kanthi “renovation imperii” (restorasi kamaharajan) ingkang ambisius. Amargi raos ambisius punika, Justianus I misuwur kanthi sesebatan "Romawi Terakhir" wonten ing historiografi modhèren.

Ambisi punika dipunwujudaken kanthi pemulihan sepalih wewengkom Kamaharajan Romawi Kilen, kalebet kutha Roma. Sanèsipun punika, wonten ing wekdal kekuwasaanipun Justianus I, wonten panyeratan hokum Romawi Corpus Juris Civilis ingkang taksih dipun-ginakaken minangka lelandhesan tumrapipun masarakat ing nagari modhèren. Wonten ing wekdal kakuwasaanipun Justianus I, Bizantium saged dados nagara ingkang ngrembaka, lan program-programipun saged mlampah kanthi saé, kados yasa malih Hagia Sophia ingkang dados pusatipun Ortodoks Wétan. Justianus I dipunanggep minangka santo déning tiyang-tiyang ingkang agamanipun Ortodoks Wétan. Panjenenganipun ugi misuwur ing Gréja Lutheran.

Cathetan suku

  1. a b c d e f g
  2. a b c d e [ J.F. Haldon. 2003. , Byzantium in the seventh century. Cambridge]

Pranala njawi

Cathetan suku

Cithakan:Pratélan kang Agung