Jyotisha (jyotiṣa, wonten ing Basa Hindi, lan wonten ing Basa Inggris: Jyotish) inggih punika ngèlmu astrologi wonten ing Hindhu, ingkang minangka salah satunggal saking péranganing Wedangga, lan ugi dipunkenal minangka salah satunggaling ngèlmu perlintangan kuna ingkang paling sepuh, ingkang maringi prabawa tumrap ngèlmu-ngèlmu perlintangan ingkang sanès ing India.
Ugi dipunkenal minangka Astrologi Hindhu', énggal-énggal punika 'Vedic astrologi, punika gadhah 3 cabang:
Saṁhitā: Astrologi Duniawi mrakirakaken prastwa-prastawa wigati ingkang gegayutan kaliyan nagara-nagara kados perang, lindhu, prastawa pulitik, posisi kauangan, griya lan bab-bab ingkang kagayut konstruksi (Vastu Sastra), kéwan, pratandha, lsp.
Landasan astrologi Hindhu inggih punika pamanggih bandhu saking Weda (suci), ingkang minangka gayutan antawising Makrokosmos lan mikrokosmos. Praktèk utamanipun gumantung kaliyan zodiak sidereal, ingkang béda saking zodiak tropis ing kang dipun-ginakaken wonten ing Barat (Helenistik) astrologi wonten ing sawijining ayanāṁśapanyesuaian dipundamel kanggé sidereal wekdal saking vernal equinox. Astrologi Hindhu nyakup sapérangan ingkang gadhah kaanan sub-sistem interpretasi lan prèdiksi kaliyan unsur ingkang boten kapanggihaken wonten ing astrologi Helenistik, kados sistem saking lunar mansion s (Nakṣatra).
Astrologi minangka aspèk wigati ing kathah bab pagesangan umat Hindhu. Wonten ing budaya Hindhu, bayi ingkang nembé kanthi tradhisional dipunsukani nama dhedhasar grafik jyotiṣanipun, lan konsèp astrologi ingkang rumesep ing organisasi kalénder lan dinten libur sarta ing kathah babagan pagesangan, kados wonten ing anggénipun damel putusan kanggé mendhet dinten palakrama, mbikak bisnis, lan pindhah griya énggal. Astrologi tetep njagi posisi antawising ngèlmu-ngèlmu modérn India. Sasampuning penilaian saking Pengadilan Tinggi Andhra Pradesh wonten ing taun 2001, sapérangan universitas India nawakaken gelar wonten ing babagan astrologi.
Bibliografi
Pratélan buku ing ngandhap punika minangka buku kanthi basa asing, mayoritas kanthi Basa Inggris.
↑"In countries such as India, where only a small intellectual elite has been trained in Western physics, astrology manages to retain here and there its position among the sciences." David Pingree and Robert Gilbert, "Astrology; Astrology In India; Astrology in modern times" Encyclopædia Britannica 2008
↑Mohan Rao, Female foeticide: where do we go? Indian Journal of Medical Ethics Oct-Dec2001-9(4), issuesinmedicalethics.org; T. Jayaraman, A judicial blow, Frontline Volume 18 – Issue 12, Jun. 09 – 22, 2001 hinduonnet.comArchived 2013-01-25 at archive.ph Error: unknown archive URL