Kali Godavari iku kali suci kang mili ing India. Kali iki minangka kali utama ing India, asalé saka cedhak Trimbak ing Distrik Nashik, praja Maharashtra, India. Kali iki mili mangétan ngliwati praja Maharashtra lan Andhra Pradesh sabanjuré menyang Lempongan Benggala.
Kali Godavari iku dainggep suci déning umat Hindhu lan duwé sawatara panggonan ing pinggiré minangka papan suci kanggo ziarah umat Hindhu.
Kali Godavari iku dalan banyu kang utama ing India tengah, asal saka Western Ghats lan mili mangétan ngliwati Dhataran Deccan antara praja Maharashtra lan Andhra Pradesh, banjur ménggok tumuju arah kidul-wétan nganti tekan Lempongan benggala. Anak-anak kali antarané: Kali Indravati, Kali Manjira, Kali Bindusara lan Kali Sabari.
Kali Godavari wis dadi panggonan ziarah wiwit èwon taun kapungkur. Akèh tokoh kawentar kaya déné Baladeva (5000 taun kapungkur) lan kang luwih anyarkaya Chaitanya Mahaprabhu (500 taun kapungkur) wis adus ing kali iki minangka pamujan lan ziarah.
Kali Godavari duwé laladan ilèn kang jembaré watara 313,000 km2 ing sanga praja, ya iku Maharastra, Andhra Pradesh,Karnataka, Madhyapradesh, Chattisgarh and Orissa. Anak kali utama kalebu Kali Sabari, Kali Indravati, Kali Pranahita lan Kali Manjra.
Ing Maharashtra:
Ing Andhra Pradesh: