Laurent Koscielny

Laurent Koscielny
Koscielny main ing Tim Nasional Prancis Taun 2018
Katerangan priangga
Jeneng dawa Laurent Koscielny
Tanggal lair (1985-09-10) 10 Sèptèmber 1985 (umur 38)
Papan lair Tulle, Perancis
Dhuwur 1.86 m (6 ft 1 in)
Posisi main Bèg Tengah
Katerangan klub
Tim saiki
Girondins Bordeaux
Angka 6
Karir nom
1993–1995 Tulle Corrèze
1995–1997 Brive
1997–1998 Tulle Corrèze
1998–2002 Brive
2002–2003 Limoges
2003–2004 Guingamp
Karir sénior*
Taun Tim Main (Gul)
2004–2007 Guingamp 41 (0)
2007–2009 Tours 67 (6)
2009–2010 Lorient 35 (3)
2010–2019 Arsenal 231 (17)
2019–saiki Girondins Bordeaux
Tim nasional
2011–2018 Perancis 50 (1)

* Gunggung main lan gul ing klub sénior tumrap liga dhomèstik iki mligi lan patitis per pukul 22:28, 31 December 2017 (UTC).

‡ Gunggung main lan gul ing tim nasional iki patitis per pukul 10 November 2017

Laurent Koscielny (pocaping cara Prancis: ; lair 10 Sèptèmber 1985) inggih punika satunggaling juru main bal-balan saking Perancis ingkang main minangka posisi bèg kanggé klub Liga Primèr Inggris klub Arsenal lan Tim Nasional Bal-balan Perancis. Piyambakipun dados wakil kaptèn ing Arsenal. Wekdal taun 2004 Koscielny gabung kaliyan klub En Avant de Guingamp, tim ingkang sampun ngasilaken juru main bal kados Didier Drogba lan Florent Malouda. Piyambakipun asring main minangka bèg tengen ing 46 pertandhingan ing taun 2004 ngantos 2007 sadèrèngipun nggabung kaliyan klub Tours FC.

Wekdal mangsa 2008-2009, Koscielny kasil nyithak gangsal gol ing 34 pertandhingan liga kanggé Tours FC. Tanggal 16 Juni 2009, piyambakipun napaksamani kontrak sekawan taun kaliyan FC Lorent kanthi béya transfer 1,7 yuta Éuro. Setunggal mangsa ing Lorent, piyambakipun kasil nyithak 3 gol ing 35 pertandhingan. Tanggal 7 Maret 2009 Koscielny nyithak gol pertama ing Ligue 1 wekdal pertandhingan mengsah Olympique Marseille ing Stadhion Velodrome wekdal menit ke 65. Pertandhingan kasebat imbang 1-1. Tanggal 7 Juli 2010 Koscielny nyawiji kaliyan klub saking Inggris, Arsenal, kanthi béya transfer 8,45 yuta Éuro lan pikantuk nomer pundhak enem ingkang sadèrèngipun dipunagem Philippe Senderos.

Pranala njawi

Rujukan

  1. "Barclays Premier League Squad Numbers 2013/14". Premier League. 12 Januari 2018. Diarsip saka sing asli ing 12 Januari 2018. Dibukak ing 12 Januari 2018. {{cite news}}: Unknown parameter |deadurl= ignored (|url-status= suggested) (pitulung)
  2. "Player Profile: Laurent Koscielny". Premier League. Diarsip saka sing asli ing 2014-09-06. Dibukak ing 18 Januari 2018.
  3. a b Laurent Koscielny(dipunundhuh tanggal 18 Januari 2018)
  4. a b c d e f g Laurent Koscielny(dipunundhuh tanggal 18 Januari 2018)