MagLev iku tembung cekakan saka Magnètically LEVitated trains sing tegesé sepur sing ngambang kanthi magnètis. Kerep uga karan sepur magnèt. Kaya kacetha ing jenengé, prinsip sepur iki ya iku manfaataké gaya angkat magnètik ing rèlé saéngga kaangkat sethithik mendhuwur, banjur gaya surung diasilaké déning motor indhuksi. Sepur iki bisa lumayu kanthi kacepetan nganti 650 km/jam (404 mpj) luwih rikat tinimbang sepur biyasa. Sawetara nagara sing wis migunakaké sepur jinis iki ya iku Jepang, Prancis, Amérika, lan Jerman.
Ana telung jinis tèknologi maglev: