Ana pirang-pirang téyori lan perspektif ngenani organisasi, ana kang cocog antarané siji lan liyané, lan uga ana kang béda. Organisasi dhasaré digunakae minangka panggonan utawa wadhahe wong-wong kang padha kumpul, bekerjasama kanthi rasional lan sistematis, terencana, terorganisasi, terpimpin lan terkendali, nalika manfaatake sumber daya (uang, material, mesin, metode, lingkungan), sarana-parasarana, data, lan liyané kang digunakaké kanthi efisien lan efektif kanggo nggayuh ancas organisasi.
Minurut para ahli ana pirang-pirang pengertian organisasi.
Stoner kandha yèn organisasi yaiku pola gegayutan-gegayutan kanthi lumantar wong-wong kang ana ing ngisore pengarahan wong dhuwuran kanggo nggayuh ancas bebarengan .
James D. Mooney kandha yèn organisasi yaiku wujud saben perserikatan manungsa kanggo nggayuh ancas bebarengan .
Chester I. Bernard duwé panyaruwe yèn organisasi minangka siji sistem aktivitas kerja sama kang ditindakake déning wong loro utaa luwih.
Stephen P. Robbins kandha yèn Organisasi yaiku nyawijining (entity) sosial kang dikoordinasikake kanthi sadhar, kanthi siji watesan kang relatif bisa diidentifikasi, kang bekerja dhedhasar kang relatif terus kanggo nggayuh swijining ancas bebarengan utawa saklompok ancas..
Cathetan suku
↑ abcdeKeith Davis, Human Relations at Work, (New York, San Francisco, Toronto, London: 1962).Hlm.15-19
↑Singarimbun, Masri lan Sofyan Efendi. 1976. Understanding Practice and Analysis. New York: Random House.Hlm. 132