Panumpes ing Srebrenica

Panumpes ing Srebrenica
Péranganing Perang Bosni
Kijing cacah 6.100 ing Srebrenica-Potočari ing pakuburaning kurban tumpesan ing taun 1995
Srebrenica kapernah ing Bosni
Srebrenica
Srebrenica
Srebrenica (Bosni)
PernahSrebrenica, Bosnia lan Hércegovina
Tanggal11–22 Juli 1995 (1995-07-22)
InceranWong Bosnia (lanang & nom-noman lanang)
Jinising serangan
Peneluking militèr, rajapati gedhèn-gedhèn, panumpesing ètnis
Pepati8.373
Sing nindakakéWadyabala Républik Srpska
Wadyabala militèr Škorpioni

Panumpes ing Srebrenica utawa rajapati gedhèn-gedhèn ing Srebrenica (Bosni: Masakr u Srebrenici; Genocid u Srebrenici) iku panumpes kang kalakon rikala Juli 1995. Panumpes iki matèni wong Muslim cacah 8.000 punjul, kang akèh-akèhé wong lanang lan nom-noman saka ètnis Bosni ana ing wewengkon Srebrenica, Bosni. Kang nindakaké panumpes iki prajurit Sèrbi Bosni awit saka pakoné Jéndral Ratko Mladić. Rikala 26 Mèi 2011, Jéndral Mladic kapikut ing Lazarevo, ing Sèrbi iring lor. Rikala 27 Fèbruwari 2007, Mahkamah Internasional (MI) mutusaké yèn lelakon iki minangka laku panumpes. Ana ing panumpes iki wadyabala Sèrbi aran Škorpioni uga kadakwa salah.

Ana ing putusaning MI kaandharaké yèn Sèrbi ora salah mungguh ing laku panumpes iki. Mangkonoa, MI meksa ngecam Sèrbi amarga ora bisa nyegah, ngendhalèni, utawa ngadili wong-wong kang nindakaké panumpes mau. Miturut Komisi Internasiyonal tumrap Wong Ilang ing Bosni, gunggungé kurban kang kalapuraké nganti saiki wis ngancik wong 8.373. Tutug Juli 2012, kurban tumpesan cacah 6.838 wis kasil katitik awit saka analisis DNA tumrap pérangan-péranganing awak kang dijupuk saka pakuburan gedhèn-gedhèn. Rikala Juli 2013, kurban cacah 6.066 kinubur ana ing Pakuburan Potočari. Panumpes ing Srebrenica ingaran panumpes gedhé dhéwé ana ing Éropah ing mangsa sabubaré Perang Donya II. Lelakon iku uga dadi lelakon pisanan kang kinukuhan minangka panumpes lumantar dalan ukum.

Cathetan suku

  1. a b Potocari Memorial Center Preliminary List of Missing Persons from Srebrenica '95
  2. UN Press Release SG/SM/9993UN, 11/07/2005 "Secretary-General Kofi Annan’s message to the ceremony marking the tenth anniversary of the Srebrenica massacre in Potocari-Srebrenica". Retrieved 9 August 2010.
  3. "Tribunal Update: Briefly Noted". Institute for War & Peace Reporting. 18 Maret 2005. TU No 398. Dibukak ing 4 Mèi 2017.
  4. "Paramilitaries Get 15 – 20 Years for Kosovo Crimes". Balkan Investigative Reporting Network. 19 Juni 2009. Dibukak ing 19 April 2017.
  5. Sunter, Daniel (5 Agustus 2005). "Serbia: Mladic "Recruited" Infamous Scorpions". Institute for War and Peace Reporting. Dibukak ing 30 April 2017.
  6. a b Williams, Daniel. "Srebrenica Video Vindicates Long Pursuit by Serb Activist". The Washington Post. Dibukak ing 26 Mèi 2011.
  7. * "International Criminal Tribunal for the former Yugoslavia (ICTY)" (PDF). Dibukak ing 10 Juli 2015.
  8. a b c d e Patrick Barriot.Wednesday, 12 January 2005
  9. "ICTY – Kordic and Cerkez Judgement – 3. After the Conflict" (PDF). Dibukak ing 11 Juli 2012.
  10. a b Some things to keep in mind about Srebrenica:
  11. "Over 7,000 Srebrenica Victims have now been recovered". ICMP. 11 Juli 2012. Diarsip saka sing asli ing 2018-12-25. Dibukak ing 2017-10-30.
  12. "Srebrenica's yearly burial of atrocity victims". Euronews. 11 Juli 2012. Diarsip saka sing asli ing 2018-12-25. Dibukak ing 2017-10-30.