Perang Lempongan utawi Perang Lempongan Pèrsi (2 Agustus1990 – 28 Fèbruari1991) inggih punika konflik antawis Iraq lan Pasukan koalisi saking 35 nagari ingkang dipunidinaken déning PBB (UN) lan dipunpimpin mliginipun déning Amérikah Sarékat kanggé mbébasaken Kuwait.
Perang tuwuh amargi invasi Irak dhateng Kuwait wonten ing tanggal 2 Agustus, 1990. Agresi Irak punika lajeng dipunbales kanthi sanksi ékonomi déning PBB dhumateng Irak. Intervensi nganggé gaman saking internasional dipunwiwiti ing wulan January 1991 lan ngasilaken kamenangan kanggé wadyabala koalisi, ingkang nggiring wadyabala Irak medal saking Kuwait kanthi kurban ingkang sakedhik. Pertempuran udara lan dharat dumados wonten ing palagan Irak, Kuwait, lan tlatah tapel wates Saudi Arabia. Irak ugi ngluncuraken peluru kendhali missiles dhumateng sasaran-sasaran ing Saudi Arabia lan Israèl.
Amargi Perang Iran-Irak ing taun 1980-88 sampun kadhung dipunwastani "Perang Lempongan " utawi "Perang Lempongan Pèrsi" déning sumber-sumber berita, pramila perang taun 1991 punika lajeng dipunwastani ''Perang Lempongan II'', utawi langkung umum kasebat Perang Lempongan kémawon, déné perang ingkang kadadosan taun 1980 dipunwastani Perang Lempongan Kapisan.Operation Desert Storm was the U.S. name of the air and land operations and is often used to refer to the conflict.
Saking péhak Irak, dipungelar sawatawis kapal gunboat lan montor mabur kanthi peluru kendhali alit kanggé ngadhepi armada koalisi; nanging suwalikipun, kinten-kinten 1.2 yuta wadyabala dharat kanthi kirang langkung 5,800 tank, 5,100 kendharaan lapis waja sanèsipun, lan 3,850 artileri kanggé nedahaken kakuatan dharat ingkang pinunjul.. Kanthi 750 montor maburpenenmpur lan pembom, 200 montor mabur sanèsipun, lan ngadelaken pertahanan peluru kendhali lan mriem, kakuatan udara Irak ugi cekap mbebayani. Nanging bab kualitas prajurit lan peralatan wadyabala Irak pancèn akgolong kirang saé.
Ronald Andrew Hoskinson and Norman Jarvis. Gulf War Photo Gallery"Gulf War Photo Gallery". Diarsip saka sing asli ing 29 December 2005. Dibukak ing 4 December 2005. 1994.
Gilles Kepel. "From the Gulf War to the Taliban Jihad." Jihad: The Trail of Political Islam. 2002.
Jon Latimer. Deception in War, London: John Murray, 2001 ISBN 0-7195-5605-8
Paul Walker and Eric Stambler. "...and the dirty little weapons". Diarsip saka sing asli ing 3 February 2007. Dibukak ing 4 December 2005. 1991. Bulletin of the Atomic Scientists, Vol 47, Number 4.