Sutradhara

Sutradara

Sutradara (basa Inggris: director) iku wong kang gawéyané ngarahaké juru main filem ing sajeroning prosès gawè filem kang trep karo Manuskrip. (Tukang gawé filem uga dinggo ngrujuk prodhuser filem). Manuskrip utawa skenario iku dianggo ngontrol aspèk-aspèk seni lan drama. Minangka dirèktur ngawasi pegawé utawa pekerja teknik lan juru main kanggo nyukupi wawasan pengarahané. Sutradara uga duwé tugas mbimbing kru tèknisi lan para juru main filem kanggo ngrealisasiké kreativitas kang diduwèni.

Tanggung jawab

Sutradara duwé tanggung jawab ing aspek-aspek kreatif panggawéan filem ing bab interpretatif lan teknis. Dhéwèkw duwé posisi paling dhuwur saka segi artistik lan mimpin panggawéan filem ing bab apa kang perlu kétok lan ditonton penonton. Saliyané iku uga ngatur juru main ning ngarep kodhak lan ngarahké akting uga dialog. Sutradara uga ngontrol posisi lan obahé kodhak, suara, lampu, lan bab-bab liya kang ana gayutané karo rampungé filem. Ing sajeroning nglakoni tanggung jawabé, sutradara kerja karo kru filem lan juru main filem. Ing antarané penata fotografi, penata kostum, penata kodhak lan liya-liyané. Saliyané iku sutradara uga mèlu kétut ing prosès panggawéan filem wiwit saka pra-produksi, produksi, nganti tekan pasca-produksi.

Cathetan suku

  1. a b c d e Sutradara[pranala mati permanèn](25 Juni 2011)
  2. a b c d e f g Sutradara Archived 2011-02-07 at the Wayback Machine.(26 Juni 2011)