Tambur

Tambur ya iku piranti musik perkusi kang diunèkaké kanthi cara ditabuh lan diobahaké. Tambur ngasilaké swara kumrincing kang bisa dicampur karo swara tabuhan saka pérangan mémbrané. Tambur digawé saka kayu kang diwangun bunder, lan mémbran kang digawé saka kulit sapi utawa plastik. Tambur iku asalé saka Éropa, nanging mèh padha karo piranti musik kang tinemu ing Cina lan Asia Tengah (Diere), India (Daph), Peru (Chil chil) lan Grunlan (Aelyau). Tambur tradhisional wiwitané diunèkaké déning golongan musik kang asalé saka Turki, kang aran janissaries. Mozart kang sapisanan nggunakaké tambur dadi salah siji piranti musik sajeroning musiké nalika taun 1782. Déné cara ngunèkaké ana tèknik kang warna-warna, kaya ta tèknik tap, tèknik loop, lan tèknik shake.

Rujukan

  1. a b c d e Dallas Symphony Assoc. (201). "Tambourine, Instrument". Dallas Symphony Assoc. Diarsip saka sing asli ing 2011-09-28. Dibukak ing 2011-07-26.
  2. Chalo Eduardo; Frank Kumor. Drum Circle: A Guide to World Percussion. Alfred Music. kc. 26. ISBN 978-1-4574-1735-1.
  3. Aley, Rere (2011). Cara Mudah Memainkan Beragam Piranti Musik. Yogyakarta: FlashBooks. ISBN 978-602-978-814-3.