Untuk Volkswagen Beetle anyar, deleng Volkswagen New Beetle
Manufacturer | Volkswagen |
---|---|
Utawa | Beetle, Super Beetle, Käfer Panggilan: Bug (di AS) utawa Kodok (ing Indonesia). |
Prodhuksi | 1938–2003 21.529.464 diprodhuksi (15.444.858 digawé ing Jerman, minangka ngawé 330.251 Cabriolet, dan kurang lebih 3,350,000 di Brazil) |
Perakitan | Wolfsburg, Hanover, Emden, Ingolstadt, Osnabrück, Jerman Melbourne, Ostrali Brussels, Bèlgi São Bernardo do Campo, Brasil Jakarta, Indonesia Dublin, Irlandia Puebla, Puebla, Meksiko Auckland, Selandia Baru Lagos, Nigeria Manila, Filipina Uitenhage, Afrika Selatan Sarajevo, Bosnia dan Herzegovina, SFR Yugoslavia Valencia, Venezuela |
Sing nerusaké | Platform Grup A Volkswagen (Golf/Jetta/New Beetle) |
Klas | Subkompak Mobil ekonomis |
Jinis bodi | sedan 2 lawang convertible 2 lawang |
Rancangan | Mesin belakang, penggerak roda belakang |
Mesin | 1.1 L H4 1.2 L H4 1.3 L H4 1.5 L H4 1.6 L H4 |
Transmisi | 4-speed transmisi manual, 3-speed clutchless manual ("Autostick") |
Volkswagen Beetle, utawa Volkswagen Tipe 1, yaiku sawijining mobil cilik kang diprodhuksi déning Volkswagen. Mobil iki uga dikenal karo sebutan VW Kodok ing Indonesia utawa Bug ana ing basa Inggris, utawa Käfer ana ing basa Jerman, VW Kodok yaiku salah siji mobil kang paling gampang anggoné ngenali amarga wujudé kang duwé khas dhéwé lan unine kang unik. VW Kodok diprodhuksi wiwit taun 1938 nganti tekan taun 2003, lan produksine tau mandek nalika ana Perang Donya II. Ana ing wektu iku wis punjul 21 yuta mobil jinis iki kang digawé. Ana ing sawijining plling internasional kanggo mènèhi kanugrahan kanggo mobil kang paling duwé prabawa, VW Kodok bisa kalebu ana ing nomer papat sawisé Ford Model T, Mini lan Citroën DS.
Mobil iki wiwit ana nalika ing jaman Nazi Jerman yaiku nalika taun 1930an. Adolf Hitler duwé kepenginan yèn kendaraan pribadi uga disediakake kanggo masarakat umum, lan nugasake sawijining insinyur, Ferdinand Porsche, kanggo ngrancang kendaraan iku. Hitler mènèhi syarat yem kendaraan kang digawé iku bisa kanggo wong loro utawa bocah telu, kecepatane 100 km/jam, lan regane ora punjul rega pit motor kang ditambah rega boncengan pinggir pit motor nalika jaman semana. Perancang sebenere mobil isih kontroversial, amarga kanthi resmi Ferdinand Porsche dadi perancange mobil iki, nanging nalika taun 1920-an, Joseph Ganz uga tau ngrancang mobil kang meh padha karo mobil iki. Mobil iki ukurane luwih cilik lan luwih murah uga nanging para produsen mobil ora kapéncut. Adler mroduksi Maikäfer, lan Standard mproduksi Superior, lan ngampanyekake ana ing iklan dadi 'Der Deutsche Volkswagen' (mobil rakyat Jerman).
{{cite web}}
: CS1 maint: archived copy as title (link)
Artikel iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |