Xenophanes

Xenophanes ing abad-17

Xenophanes saka Kolophon ya iku filsuf kang kalebu sajeroning Madahab Elea. Uripé ing antarané taun 570-475 SM. Miturut tradisi Yunani, Xenophanes iku wong kang yasa Madahab Elea kang uga dadi guruné Permeides. Amarga pamikirané akèh ditulis ing geguritan, mulané dhèwèké asring karan pujangga. Geguritané ora mung bab filsafat sajatiné, akèh uga bab kabudayan, katresnan, perang lan babad. Xenophanes iku salah sawijining penyair kuna kang wis nyerat babagan urip ing tembé. Nanging, ora kabèh wong seneng karo filsuf iki, dhewekè tau urip ana ing pambuwangan ing tlatah Sicily.

Cathetan suku

  1. a b T.V. Smith, ed. 1956. Philosophers Speaks for Themselves: From Thales to Plato. Chicago, London: The University of Chicago Press. P. 14-15.
  2. "Xenophanes of Colophon" The Oxford Dictionary of Philosophy. Simon Blackburn. Oxford University Press, 2008. Oxford Reference Online. Oxford University Press. 12 October 2011.