Yati Octavia

Yati Octavia

Yati Octavia
Miyos (1954-10-24) Oktober 24, 1954 (umur 69)
Indhonésia Jakarta
Pakaryan Aktris
Taun aktif 1972-saiki
Sisihan Syamsudin
Pangky Suwito
Yoga Raden Adriya Octaviano

Yati Octavia (lair ing Jakarta, 20 Oktober 1954; umur 69 taun) ya iku salah sijiné juru main filem sénior kang asalé saka Indonésia. Yati Octavia main filem ing éra 80-an. Yati iku bojoné juru main filem sénior Indonésia kang jenengé Pangky Suwito.

Nalika jaman emas filem Indonésia, Yati Octavia dadi artis kang paling laris lan paling larang. Yati Octavia tau éntuk jejuluk si ratu filem. Jejuluk iki amarga Yati Octavia duwé akèh penggemar. Saben filem kang dibintangi honoré nganti punjul limang yuta. Yati Octavia main filem bareng karo Roy Marten, Roby Sugara, Yenny Rachman lan Doris Callebaute. Film kang paling misuwur ya iku filem kang judhulé Rahasia Perkawinan. Nalika main filem iku, Yati Octavia gelem total main nganti nyukur rambuté nganti gundhul.

Yati Octavia duwé anak lanang kang sepisanan saka bebrayané karo almarhum Syamsudin, anak iki jenengé Tesar. Kajaba iku Yati Octavia uga nduwé anak kang cacahé telu saka bebrayané karo Pangky Suwito. Nganti saiki, Yati Octavia isih kerep main ing filem-filem lan sinétron.

Anaké Yati Octavia karo Pangky Suwito kang jenengé Raden Adriya Octaviano kang biyasa diundang Andri, palakrama karo wong wadon kang jenengé Rahmaniyah Fauziah kang biyasa diundang Nia. Andri palakrama karo Nia nalika taun 2004. Andri nduwé anak wadon saka bebrayané karo Nia kang jenengé Raden Ajeng Alika Nurazizah. Nanging Andri lan Nia banjur pegatan ing taun 2006. Sawisé pegatan, Andri lan Nia duwé masalah ngenani babagan hak asuh anak antarané mantan mantu lan maratuwa.

Filmografi

Film kang dibintangi Yati Octavia.

Sinétron

Sinétron kang dibintangi Yati Octavia.

Iklan

Iklan kang dibintangi Yati Octavia.

Album

Album kang digawé Yati Octavia.

  • Lagu Dangdut 1980-an

Cathetan sikil

  1. a b c d e f g h i j k l m n selebriti.kapanlagi.com(diundhuh tanggal 11 Juli 2011)
  2. a b c d e tempointeraktif.com(diundhuh tanggal 11 Juli 2011)