Eugene Onegin, The Captain's Daughter, Boris Godunov, Ruslan and Ludmila
Bojo
Natalia Pushkina (1831–1837)
Anak
Maria, Alexander, Grigory, Natalia
Dulur
Sergei Lvovich Pushkin, Nadezhda Ossipovna Gannibal
Tandha tangan
Aleksandr Sergeyevich Pushkin (basa Ruslan: Алекса́ндр Серге́евич Пу́шкинrungokna (pitulung·info)) (6 Juni1799 – 10 Fèbruari1837) iku siji pengarang RomantisRuslan kang dianggep akèh wong minangka penyair gedhé dhéwé Ruslan lan pangadeg sastra Ruslan modhèren. Pushkin ngrintis panggunaan basa vernakular sajeroning geguritan-geguritan lan drama-dramané, nyiptakaké siji gaya carita—nyampuraké drama, roman, lan satir—kang wiwit wektu iku digandhèngaké karo sastra Ruslan lan banget mangaruhi para penulis Ruslan ing tembé mburi.
Kaurian
Bapakné Pushkin iku keturunan saka salah siji kulawarga bangsawan tuwa dhéwé Ruslan kang nlusuri sajarahé marang Biara Khutyn nalika abad angka 12, sauntara simbah kakungé ibuné iku Ibrahim Petrovich Gannibal, pawongan Afrika kang diculik lan didadèkaké batur tukon nalika dhèwèké isih cilik. Dhèwèké digawa menyang Ruslan lan dadi siji pamimpin militèr gedhé, ahli tèknik lan bangsawan sawisé dhèèwèké diadhopsi déning Peter Agung.
Karya-karyané
Ruslan i Lyudmila Ruslan lan Ludmila (1820) (geguritan)
Kavkazskiy Plennik Tawanan saka Kaukasus (1822) (geguritan)
Bakhchisarayskiy Fontan Banyu Muncrat Bahçesaray (1824) (geguritan)
Tsygany Wong-wong Zigana (1827)
Poltava (1829)
Tragèdhi-tragèdhi Cilik (kalebu Kamenny Gost' "Tamu Watu", Motsart i Salieri "Mozart lan Salieri", "Satriya Cethil", lan "Pista nalika Wabah") (1830)
Boris Godunov (1825; terbit 1831; resmi disarujuki kanggo pamentasan 1866) (drama)
Sajarah Haruhara Pugachev (1834) (prosa non-fiksi)
Kapitanskaya Dochka Putri Sang Kaptèn (1836) (prosa) siji novèl historis kang diromantisaké saka "Pugachevshchina," kauripan lan mangsa-mangsa Pugachev.
M.I.P. Company http://www.mipco.com nerbitaké Secret Journal nalika taun 1986. Kawit iku diterbitaké ing 24 nagara. Nalika taun 2006 èdhisi dwi-basa Ruslan-Inggris diterbitaké ing St. Peterburg, Ruslan déning Retro Publishing House http://www.retropublishing.com
Rujukan
Elaine Feinstein (ed.): After Pushkin: versions of the poems of Alexander Sergeevich Pushkin by contemporary poets. Manchester: Carcanet Prees; London: Folio Society, 1999 ISBN 1-57544-44-7
Serena Vitale: Pushkin's button; terj. dari basa Italia olèh Ann Goldstein. New York: Farrar, Straus & Giroux, 1998 ISBN 0-374-23995-5
Pogadaev, Victor. Penyair Agung Ruslan Pushkin dan Dunia Timur. Monograph Series. Centre For Civilisational Dialogue. University of Malaya. Kuala Lumpur, N 6, 2003, 64 hlm. ISBN 983-3070-06-X
Pranala njaba
Wikisumber gadhah naskah sumber ingkang magepokan kaliyan