William Blake

William Blake ya iku juru tulis, sastrawan, seniman Inggris. Dhèwèké dadi penyair gedhé lan juru pikir orisinil. Lair ana London, Inggris, tanggal 28 November 1757. Séda ana London, Inggris, tanggal 12 Agustus 1827. Pakaryane kang kondhang ya iku The Lamb, The Tyger, London, lan Jerusalem. Ana purwa abad kaping 21, dhèwèké dianggep wong kang paling purwa lan paling orisinil ing geguritan Romantik, nanging urip-uripane racaké ora dianggep lan disangka edan.

Dhèwèké nulis wiwit isih bocah lan omong yèn éntuk iruh-iruhan nalika umur 10 taun, wit kebak malaekat. Dhèwèké sinau ngukir lan ngugemi seni Gothik.

Dhèwèké penyair, seniman, visioner kang disalahpahami. Blake nguja urip lan kondhang kawit sedane taun 1827.

Cathetan suku

  1. a b c d e f Biography.com (8 Dhésèmber 2014). "William Blake Biography". A&E Television Networks. Dibukak ing 10 Sèptèmber 2016.
  2. a b c d e f Bentley, G. E. "William Blake, British writer and artist". britannica.com. Dibukak ing 10 Sèptèmber 2016.

Pranala njaba