Bisbol utawa kondhang kanthi jeneng baseball iku ulah raga kang dimainaké déning rong tim.Pitcher) saka tim kang nguncalaké, nyoba nguncalaké bal kang dijenengi bal bisbol, déné juru main (batter) saka tim kang nggebug bal nyoba nggebug bal nganggo slah (bat). Tim kang nguncalke bal kudu bisa nyekel bal kang digebug déning tim lawan supaya bisa gantian nguwasani dolanan. Tim kang nggebug olè angka kanthi cara lumayu nglawan arah jarum jam banjur balik manèh ' menyang home plate sawisé ngidak marka ing lapangan bisbol kang dijenengi base. Bisbol uga dijenengi hardball kanggo mbedakake karo ulah raga sofbol.
Lapangan bisbol wujudé bujur sangkar (baseball diamond) karo base kang manggon ana ing telung pojokan. Let antara base siji karo base kang liyané ya iku 27,432 mèter (90 kaki). Slah kanggo nggebug bat) wujudé silinder dawa lan alus kang digawé saka kayu (persyaratan pemukul bisbol profésional) utawa bahan logam. Peraturan ana ing permainan iki dikembangake ing Amérikah Sarékat saka permainan kang nganggo pemukul lan bal kang dimainake ing Inggris. Bisbol ya iku ulah raga kang dimainaké kanthi tim lan populèr ing Amérika Lor, Amérika Latin, Karibia, lan Asia Wétan.
Cara Dolanane
Pratélan pustaka
Robert K. Barney and Nancy Bouchier, "A Critical Examination of a Source in Early Ontario Baseball: The Reminiscence of Adam E. Ford," Journal of Sport History (1988)
Joe Brinkman and Charlie Euchner, The Umpire's Handbook, rev. ed. (1987)
Bob Elliott, The Northern Game: Baseball the Canadian Way (Sport Classic, 2005)
Charles Euchner, The Last Nine Innings: Inside the Real Game Fans Never See (2006)
William Humber, Diamonds of the North: A Concise History of Baseball in Canada (Oxford University Press, 1995)
Bill James and John Dewan, Bill James Presents the Great American Baseball Stat Book, ed. by Geoff Beckman et al. (1987)