Catherine Elizabeth Middleton | |
---|---|
Lair | Catherine Elizabeth Middleton 9 Januari 1982 Reading, Berkshire, Inggris |
Putri Wales | |
Bojo | William, Pangeran Wales |
Anak | Pangeran George Putri Charlotte Pangeran Louis |
Wong tuwa | Michael Francis Middleton Carole Elizabeth Middleton, née Goldsmith |
Catherine Élizabèth Middleton utawi Catherine, Duchess of Cambridge utawi Kate Middleton, utawi misuwur kanthi asma Kate Middleton punika garwanipun William Arthur Philip Louis.
Kate Middleton, lair 9 Januari 1982 ing Royal Berkshire Hospital Reading, Berkshire, Inggris. Panjenenganipun punika putra nomer satunggal saking tigang putranipun Carole Elizabeth Middleton (lair ing Inggris taun 1955 kanthi asma asli Carole Elizabeth Goldsmith) lan Michael Francis Middleton (lair ing Inggris taun 1949). Kalih tiyang sepuhipun makarya ing papan ingkang sami inggih punika ing British Airways.
Kate Middleton wiwit misuwur ing donya internasional amargi kekancan ingkang langkung spésial utawi pacaran kaliyan Pangéran William. Middleton lan Pangéran William pepanggihan ing taun 2001 nalikanipun taksih kuliyah ing University of St Andrews.
Ing tanggal 16 November 2010 dipunumumaken tunanganipun Kate Middleton kaliyan Pangéran William. Lajeng satunggal minggu sasampunipun punika dipunumumaken rencana tanggal lan papan kanggé pahargyan palakraminipun Kate Middleton lan Pangeran William. Tanggal 29 April 2011 pahargyan dipunlaksanakaken ing Westminer Abbey. Kate Middleton lan Pangéran William nglaksanakaken palakraminipun ing dinten Jumat 29 April 2011 ing Westminster Abbey, London.
Sasampunipun dados garwanipun William Arthur Philip Louis, Kate Middleton resmi pikantuk gelar The Duchess of Cambridge.
Ageman ingkang dipunagem déning Kate Middleton dados prakara ingkang narik kawigatén, lan naté kapilih minangka wanita ingkang agemanipun ingkang saé piyambak, inggih punika:
Wikimedia Commons duwé médhia ngenani Kate Middleton. |