Juwi Kalamangsa: (at least) Late Cretaceous–Recent | |
---|---|
Juwi éropah (Loligo vulgaris) | |
Klasifikasi ngèlmiah | |
Karajan: | Animalia |
Filum: | Mollusca |
Klas: | Cephalopoda |
Subklas: | Coleoidea |
Unranked: | Neocoleoidea |
Superordho: | Decapodiformes |
Ordho: | Teuthida A. Naef, 1916 |
Subordho | |
Juwi, nus, utawa cumi-cumi iku kéwan séfalopada saka ordho Teuthida, kang anggotané cacahé watara 304 spésies. Kaya déné kéwan séfalopada liyané, juwi duwé endhas kang méla-méla, simètri bilateral, mantèl siji, lan lengen akèh. Juwi, kaya déné sotong, duwé lengen cacah wolu kang tatanané nyarimbit sarta tèntakel cacah loro kang lumrahé ukurané luwih dawa. Juwi iku kéwan kang kuwat nglangi, déné sawenèh spésies bisa "mabur" metu banyu sanadyan ora adoh.
Artikel iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |