Manchester City F.C.

Manchester City
A crest depicting a shield with a eagle behind it. ON the shield is a picture of a ship, the initials M.C.F.C. and three diagonal stripes. Below the shield is a ribbon with the sesanti "Superbia in Proelia". Above the eagle are three stars.
Jeneng dawaManchester City Football Club
ParabanCity, The Citizens, The Blues
Yasa1880 as St Mark's (West Gorton)
SetadhiyonCity of Manchester Stadium
Momotan47,726
BakuSheikh Mansour bin Zayed Al Nahyan
MantriGarry Cook
MènèjerJosèp Guardiola
LigaLiga Utama Inggris
2021–22Liga Utama Inggris, ke-1
Sana jaringanKaca tepas klub
A light blue shirt, white shorts, and light blue socks with maroon tops
Kandhang
Njaban
Katelu
Current season
Stadhion City of Manchèster Kandhang MCFC

Manchester City Football Club yaiku salah siji klub bal-balan profésional Inggris kang main ing Liga Premier Inggris. Klub iki manggon ana ing kutha kang padha karo klub Manchester United, kang nduwé markas ing stadion City of Manchester, Manchester. Manchester City nglakoni bal-balan resmi kang pisanan ing sasi Novèmber taun 1880. Nalika iku jenenge isih St Mark's (West Gorton). Taun 1887 banjur ganti dadi Ardwick A.F.C, lan ing taun 1894 dadi Manchester City F.C.. The City wis tau dadi juwara liga kaping loro, Piyala FA kaping papat, Piyala Liga kaping loro lan Piyala Winners Éropah sapisan. Periode paling suksès saka klub iki yaiku nalika ana ing pungkasan taun 1960an lan wiwitan taun 1970an. Nalika jaman semana manager saka Manchester City yaiku Joe Mercer lan diasistèni déning Malcolm Allison. Pemain city ing jaman semana kaya Colin Bell, Mike Summerbee lan Francis Lee. Taun 2007 klub iki dituku déning milyarder saka Thailand k uga dadi Mahamantri Thailand, Thaksin Shinawatra, kang ndadèkaké klub iki dadi salah siji klub Inggris kang dikuwasani déning asing. Taun 2008 The City banjur dituku déning Abu Dhabi United Group. Manchester City dadi jawara Liga Inggris taun 2012.

Lambang lan warna klub

Seragam kandhang saka Manchester City yaiku warna Biru Langit lan clana Putih. Déné seragam nalika main tandhang yaiku Abang Marun, utawa abang (wiwit taun 1960an) lan Clana ireng. Nanging saiki kadhang-kadhang City uga nganggo warna kostum kang béda. Asal-usul warna seragam kandhang klub ora jelas nanging bukti kang ana yaiku klub wis nganggo warna biru langit wiwit taun 1892 utawa sadurungé.

Pemain" class="mw-editsection-visualeditor">besut | besut sumber]

Skuat utama

Per 17 Agustus 2022.

Cathetan: Gendéra nuduhaké tim nasional pemain sarjuk karo peraturan FIFA. Pemain bisa waé duwé luwh saka siji kawarganegaraan.

No. Pos. Jeneng
2 Inggris DF Kyle Walker
3 Portegal DF Rúben Dias
4 Inggris MF Kalvin Phillips
5 Inggris DF John Stones
6 Nèderlan DF Nathan Aké
7 Portegal DF João Cancelo
8 Jerman MF İlkay Gündoğan
9 Nurwègen FW Erling Haaland
10 Inggris MF Jack Grealish
14 Sepanyol DF Aymeric Laporte
16 Sepanyol MF Rodri
No. Pos. Jeneng
17 Bèlgi MF Kevin De Bruyne
18 Jerman GK Stefan Ortega
19 Argèntina FW Julián Álvarez
20 Portegal MF Bernardo Silva
21 Sepanyol DF Sergio Gómez
26 Aljazair FW Riyad Mahrez
31 Brazil GK Ederson
33 Inggris GK Scott Carson
47 Inggris MF Phil Foden
80 Inggris MF Cole Palmer
82 Inggris DF Rico Lewis

Cathetan suku

  1. "Stadium History". Manchester City Football Club. Diarsip saka sing asli ing 8 February 2008. Dibukak ing 21 October 2009.
  2. www.goal.com
  3. a b c d e f g h i j k l m "MCFC OWS player profile for Greg Cunningham". mcfc.co.uk. (Manchester City Football Club). Diarsip saka sing asli ing 2010-05-20. Dibukak ing 2011-02-09.
  4. raga/2012/05/120513_citychampion.shtml Manchester City juara liga Inggris
  5. "Squads: Men's team". Manchester City F.C. Diarsip saka asliné ing 17 Agustus 2016. Dibukak ing 31 Agustus 2021.