The Commuter | |
---|---|
Disutradarani | Jaume Collet-Serra |
Diprodhuseri |
|
Ditulis déning |
|
Dibintangi | |
Dimusiki | Roque Baños |
Sinématografi | Paul Cameron |
Dibesut déning | Nicolas de Toth |
Perusahaan prodhuksi |
|
Dibabar déning | |
Tanggal metu |
|
Nagara |
|
Basa | Basa Inggris |
The Commuter ya iku filem thriller Amérikah Sarékat-Inggris sing digawé taun 2017. Film iki disutradarani Jaume Collet-Serra, dhedhasar skenario filem anggitan Byron Willinger lan Philip de Blasi. Sakpérangan paraga mbintangi film iki antarané Liam Neeson, Vera Farmiga, Sam Neill, Elizabeth McGovern, Jonathan Banks, lan Patrick Wilson. The Commuter dibabar ing gedung-gedung biyoskup Amérikah Sarékat déning Lionsgate tanggal 13 Oktober 2017, lan ing Inggris tanggal 20 Oktober 2017 déning StudioCanal.
Michael ya iku salah sijiné agen asuransi sing numpak commuter saben ndina saka omahé, nalika tekané mepet, nanging asring. Sawisé dhèwèké ditelpon déning wong sing durung ditepang, Michael dipeksa ndungkap kasajatené salah siji penumpang kang ndhelik sadurungé sepur mandheg ing stasiyun pungkasan. Nalika kuwi, dhèwèké ngoyak wektu kanggo mecahké teka-teki, dhèwèké nembé mangerteni anané rancangan mbabayani lan tanpa sadhar kajebak ing sajeroné konspirasi kriminal. Salah sijiné babagan sing ndadèkaké urip lan mati minangka totohané, kanggo awaké dhèwé lan para penumpang liyané.
Ing wulan Januari 2010, Olatunde Osunsanmi mbiyawaraké anané rencana nggawé film lan dhèwké kadhapuk minangka sutradhara déning perusahaan filem Gold Circle Films, bareng karo panganggit skenario Byron Willinger lan Philip de Blasi. Luwih saka setaun sabanjuré, ing wulan Agustus 2011, Julius Jarrold nglaporaké yèn dhèwèké bakal ngarahaké filem kuwi kanggo Gold Circle.
Ing wulan September 2015, dibiyawaraké yèn Liam Neeson bakal dadi paraga filem kuwi, kang digawé déning StudioCanal lan The Picture Company. Wulan Januari 2016, Jaume Collet-Serra nutup kasarujukan kanggo ngarahaké filem kuwi, mratandhani anané pakaryan bareng kaping papat karo Neeson, lan uga dilaporké yèn biaya prodhuksiné arep direngga déning Ombra Films bareng karo Juan Sola.
Wulan Juni taun 2016, Vera Farmiga mratelaké sumadya mèlu dadi paraga ing filem kuwi. Filem iki mitandhani makarya barengé kaping pindho antarané Farmiga lan Collet-Serra, sawisé ing taun 2009 uga makarya bareng ing film thriller Orphan. Tanggal 13 Juli, Sam Neill, Elizabeth McGovern, lan Jonathan Banks dilebokaké uga ing proyek filem iki. Ing wulan Agustus 2016, Kobna Holdbrook-Smith nyusul nyawiji. Ing wulan kuwi uga, Patrick Wilson nyawiji, maragakaké minangka kancané Neeson. Prosès prodhuksi filem iki diwiwiti tanggal 25 Juli 2016 ing Pinewood Studios, Buckinghamshire, England, diteruské ing New York City. Neeson lan McGovern dijupuk gambaré kanthi latar mburi Worplesdon railway station ing Surrey tanggal 18 September 2016.
Wulan November 2015, Lionsgate nuku hak dum kanggo kalangan dhomestik kanti nandhatangani prajanjen karo StudioCanal. The Commuter dirantam manawa dibabar ing 13 Oktober 2017. Filem iki arep dibabar ing Inggris 20 Oktober 2017.
Artikel filem iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |