Universitas Columbia (basa Inggris Columbia University) inggih punika salah satunggaling universitas swasta ing New York, Amérika Sarékat. Universitas punika madeg taun 1754 mawi asma King's College. Universitas Columbia ugi kalebet salah satunggaling anggota saking Ivi League. Universitas Columbia gadhah kalih kampus utama. Setunggal ing laladan Morningside Heights, déné ingkang satunggal malih ing Washington Heights. Universitas punika ugi gadhah tiga sekolah tinggi kanggé S1, kalihwelas jurusan pascasarjana, sekolah profèsi, kaliyan sekolah studi lanjutan. Universitas kalebet sedasa universitas paling inggil ing Amérika mawi gunggungipun mahasiswa kirang langkung 6000 tiyang. Jurusan ingkang misuwur mawi lulusan ingkang saé piyambak inggih punika 'Fakultas Kesenian, Bisnis, Sekolah Guru, kaliyan Hukum.
Columbia gadhah tiga fakultas sarjana kaliyan kalihwelas fakultas pascasarjana.