Isaac Bashevis Singer

Isaac Bashevis Singer (1988)

Isaac Baschevis Singer ya iku novelis, cerpenis, lan esais. Lair ana Radzymin, Polandia, Kamaharajan Russia. Séda ana Surfside, Amérika Sarékat, tanggal 24 Juli 1991. Dhèwèké nampa Pahargyan Nobel Sastra taun 1978.

Fiksi-fiksine nyritakake urip-uripane wong Yahudi ana Polandia lan Amérika Sarékat, dieling amarga isiné kang sugih ironi, akal, lan kawicaksanan, dibumboni okultisme lan kaanehan.

Dhèwèké wiwitan nulis minangka jurnalis ana Warsawa nalika taun-taun perang.<ref name="IBS np"> Dhèwèké kepengaruh kakange kang dadi pengarang lan mènèhi adhine kabebasan spiritual lan kontak karo arus anyar pergolakan pulitik, sosial lan budaya.<ref name="IBS np"> Tentangan antarané tradisi karo apa kang anyar, antarané iman lan mistisisme karo pamikiran bébas, sekularisasi, dadi irah-irahan cerpene lan novèlé.<ref name="IBS np">

Cathetan suku

  1. a b c d e Zucker, Sheva. "Isaac Baschevis Singer: American Author". britannica.com. Dibukak ing 2016-09-15.
  2. a b Nobel Media AB (2014). "Isaac Baschevis Singer-Biograpchical". nobelprize.org. Dibukak ing 2016-09-15.

Pranala njaba