Jean-Paul Sartre | |
---|---|
Kala | Filsafat abad ka-20 |
Tlatah | Filsafat Kulon |
Aliran | Existentialisme, Marxisme |
Karsa pokok | Metafisik, Epistemologi, Etika, Pulitik, Phenomenology, Ontologi |
Gantha misuwur | "Existence precedes essence" "Bad faith" "Nothingness" |
Maribawani
| |
Jean-Paul Sartre (Paris, 21 Juni 1905 – id. 15 April 1980) iku siji filsuf lan panulis Prancis.[butuh sitiran] Sartre dianggep ngembangaké aliran eksistensialisme.[butuh sitiran] Sartre mratélakaké yèn èksistènsi luwih dhisik ana tinimbang èsènsi (L'existence précède l'essence).[butuh sitiran] Manungsa ora duwèni apa-apa wektu dilairaké lan salawasé urip ora punjul kasil kalkulasi komitmen-komitmené ing mangsa kapungkur.[butuh sitiran] Awit saka iku, miturut Sartre sabanjuré, siji-sijiné landhesan aji yaiku kabébasan manungsa (L'homme est condamné à être libre).[butuh sitiran]
Taun 1964 dianugerahi Bebungah Nobel Sastra, nanging Jean-Paul Sartre nulak.[butuh sitiran] Sartre tilar donya tanggal 15 April 1980 ing siji rumah sakit ing Broussais (Paris).[butuh sitiran] Upacara pemakaman dirawuhi kurang luwih 50.000 wong.[butuh sitiran]
Pasangané yaiku filsuf wanita kang asmané Simone de Beauvoir.[butuh sitiran] Sartre akèh ninggal karya tulis ing antarané kang asesirah Being and Nothingness kang tegesé Ana lan kaanan ora ana.[butuh sitiran]
Wikicuplik duwé cuplikan ngenani: Jean-Paul Sartre |
Artikel biografi iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |