Octavio Paz

Octavio Paz ya iku penyair, juru tulis lan diplomat Meksiko. Lair ana Mexico City, Meksico, tanggal 31 Maret 1914. Séda ana Mexico City, Meksico, tanggal 19 April 1998. Dhèwèké kondhang minangka salah sijining juru tulis Amérika Latin abad kaping 20. Dhèwèké nampa pahargyan Nobel Sastra taun 1990.

Paz wiwitan nulis taun 1937, nalika lelungan ing Valensia, Spanyol, mèlu partisipasi ana Second International Congress of Anti-Fascist Writers. Bali ing Meksiko, taun 1938, dhèwèké ngedhegake jurnal Taller, kalawarti kang nandhakake thukulé génerasi juru tulis anyar ana Meksiko. Taun 1943, dhèwèké lunga menyang Amérika Sarékat ana Guggenheim Fellowship, dhèwèké dadi penyair Modernis Anglo-Amérika. Rong taun sawisé, dhèwèké makarya minangka diploma lan dikirim ing Prancis. Ing kana dhèwèké nulis pakaryane ngenani identitas Meksiko, The Labirinth of Solitude. Uga partisipasi kanthi aktif, karo Andre Breton lan Benjamin Peret, ana kagiyatan lan publikasi kang dianakake para surealis.

Taun 1962, dhèwèké dadi duta ing India. Wektu-wektu iki wigati kanggo urip lan pakaryane minangka penyair. Dhèwèké nulis The Grammarian Monkey lan East Slope.

Taun 1968, dhèwèké mundur saka pakaryan diplomatike. Banjur dhèwèké dadi editor lan penerbit.

Cathetan suku

  1. a b c d e The Editors of Encyclopædia Britannica. "Octavio Paz: Mexican Writer and Diplomat". britannica.com. Dibukak ing 2016-09-14. {{cite web}}: |last1= has generic name (pitulung)
  2. a b c d e f g h i j k l m Nobel Media AB (2014). "Octavio Paz-Biographical". nobelprize.org. Dibukak ing 2016-09-14.

Pranala njaba